Amung wonten ing sariraning Gusti Yesus,
                                        
                                        papan manunggil ing praumat kang tinebus,
                                        
                                        temah luntur linebur, sagung manah priyangga
                                        
                                        jumbuh kukuh rinengkuh sang Pamarta
                                        
                                        Amung wonten ing sariraning Gusti Yesus,
                                        
                                        papan manunggil ing pra umat kang tinebus,
                                        
                                        temah luntur linebur, sagung manah priyangga,
                                        
                                        jumbuh kukuh rinengkuh Sang Pamarta.
                                        
                                        Atut runut sihira, tresna sesami.
                                        
                                        Rinangkul sihing Sang Rama, tinuntun Roh Suci.
                                        
                                        Gandheng asta lan rasa, tumus trusing wardaya,
                                        
                                        sumuyud angabekti, Hyang Makwasa, Sang Rama,
                                        
                                        Sang Putra, lan Roh Suci.