KPJ 395
SAWATARA AKU NOLEH
1
Sawatara aku noleh marang dalan kang dakliwati,
sihe Gusti kang dak tampa kanthi eraming ati.
Sanadyan akeh alangan wah kadhang lelimengan,
nanging Gusti karsa nuntun.
Mulane aku ngungun, wit asta ning Allah ngreksa,
temah rumangsa begja
2
Ora merga aku becik, tanganku tinuntun astanya;
ora jalaran sampurna, aku tansah rineksa.
Aku tansah kaeraman, wit tansah binerkahan.
Kadiparan nggonku nampa sih tresnane Kang Kwasa?
Daklakoni, dakedumken marang umat sadonya.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher as the book in which this song is included.


OK