KPJ 404
GUSTI YESUS RATU ADIL
1
Gusti Yesus Ratu Adil,
panetep panata gami
kang mengku sajagad rat.
Sagung ilat badhe nyebut,
sakathahing dhengkul sujud
mring Gustining praumat,
mring Gustining praumat.
2
Namung dening Kanjeng Gusti kita saged dados suci
kinumbah klayan rah-Nya. Gesang langgeng wus sinungken,
wah tyang dosa rinukunken (lantaran Sang Pamarta (2x))
3
Tiyang dosa kang kesrakat, tiyang sakit wah tyang mlarat,
gya samya tinimbalan. Dene sinten kang umarek,
apitados ngarep-arep, (mesthi nggih tinulungan (2x))
4
Mila sampun ta semados, mbok inggih samya pitados
mring Gusti Ratu kita. Pinundhia trus ing batos,
de Kang Kwasa karsa dados (Juru Pamarta kita (2x))

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher as the book in which this song is included.