KPJ 98
WONG KANG KAMOMOTAN DOSA
1
Wong kang kamomotan dosa,
Gusti ungsénana.
Agung sih pangapuntennya
mring wong kang pracaya.
Pracayaa, pracayaa mung pracayaa!
Gusti kwasa, Gusti kwasa ngluwari sira.
2
Gusti wus nglampahi séda
ngrembat dosa kita.
Rahe anucekken kalbu
dyan putih lir salju.
3
Gusti kang dadi marganya
mrih tumekeng swarga.
Saben wong kang angugemi,
sinembadan yekti.

Audio yang tersedia di bawah ini belum tentu berasal dari sumber yang sama dengan penerbit buku yang di dalamnya lagu ini berada. The audio provided below does not necessarily originate from the same publisher as the book in which this song is included.


OK